Minggu, 15 September 2013

Pranata Cara Pengetan

Asalamualaikum wr.wb
Kawula nuwun, ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah, saha para guru ingkang kula hormati, ugi para kanca ingkang kula tresnani. Keparengan ing mriki kula badhe ngaturaken wonten panjengan sami, pengetan tanggap warsa Kamardikan RI ingkang kaping 68.
Langkung rumiyen sumangga kita ngucapaken puji lan syukur dhateng  ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kita sedaya lan sampun makempal kanthi wilujeng ing wekdal menika ing acara  tirakatan malem 17 Agustus menika.
Dumateng ngarsanipun para lenggah sami kakong miwah putri ingkang tansah kulo hormati, keparengo kulo wonten ing mriki derekaken lumpahing adicoro ing dalu puniko. Nanging sakderengipun adicoro wonten ing dalu puniko dipun awiti keparengo kulo ngaturaken reruncining adicoro wanten ing dalu puniko.
1.      Pambuka
2.      Nembangake sesarengan tembang “Indonesia Raya lan Hari Merdeka”
3.      Sambutan Kepala Sekolah
4.      Puji dzikir lan tahlil  kalajenganken doa lan pemotongan tumpeng
5.      Penutup
Mekaten menggah reruncining adicoro wonten ing dalu puniko.
Minangka pratandha pambukaing adicara, sumangga kula dherekaken sesarengan manungku puja wonten ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung, miturut agami saha kapitadosanipun piyambak-piyambak. Sumangga kula dherekaken.
Acara ingkang kaping kalih inggih menika nembangaken sesarengan tembang Indonesia Raya lan Hari Merdeka. Pramila dumateng sederek Ajeng wekdal saha papan kulo sumanggakaken.
……………………………………………………………………………………………...
Para tamu lenggah ingkang kulo hormati, kajenganken adicara ingkang angka tiga inggih punika sambutan ingkang badhe dipun salirani dening panjenenganipun Bapak Drs. Shobariman. Dhumateng panjenenganipun Bapak Drs. Shobariman kula sumanggakaken.
……………………………………………………………………………………………...
Para tamu lenggah ingkang kula hormati, kajenganken adicara ingkang kaping sekawan inggih punika puji dzikir lan tahlil ngenton doa para leluhur, saha para pahlawan kalajenganken doa lan pemotongan tumpeng. Dumateng Bapak Bowo wekdal saha papan kula sumanggakaken.
…………………………………………………………….. (tahlil)
Matur nuwun kula tujukaken dumateng Bapak Bowo mugi mugi kanti tahlil punika saged nambah iman lan takwa kita sedaya dumateng gusti ingkang maha welas asih. Amin. Kalajengaken doa kaliyan pemotongan tumpeng. Dumateng Bapak Drs. Shobariman wedal saha papan kula sumanggaaken.
……………………………………………………………………………………………
Para tamu lenggah ingkang kula hormati, kajenganken adicara ingkang pungkasan inggih punika panutup, mekaten lelampahing adicara wonten ing dalu punika. Mbok bilih ing saklaminipun kula nderekaken adicara wonten ing dalu punika pinanggih lepat, kanti andap ashoring manah kula nyuwun agenging samudra pangaksami. Mangga adicara ing ndalu punika kita tutup kanti waosan hamdalah  (alhamdulillah) wabilahi taufik walhidayah.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar